Minggu, 15 September 2013

Lagu Campursari

Ketaman Asmara
dening : Didi Kempot
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Rasane atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman
asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Rasane atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman
asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati

Cerita Lucu Bahasa Jawa

Pitik Mogok Mangan

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane  


















Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

^_^

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Adhine:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Adhine:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki (Undil-2012). 


Kapundhut saking_Duniashinichi 
Updated Weekly 

Selasa, 10 September 2013

Tresna iki Dhuwemu ( IBU )


Tresna iki Dhuwemu
( IBU )
Saben rasa ingkang ngalir saka ati
Aku mung bisa nerima
Saben prasangka ing sapandhenge jagad
Aku mung bisa nundhuk anteng

Prasasat pengen ngerti donya sing satemene
Ora mung kanggo sawangan semata
Ora mung kanggo sasenenge raga
Umpamane  mampir nyombe

Playune saka ngendi
Aku uga ora ngerti
Miline tekan ngendi
Aku uga ora ngerti

Namung lara sing tak tuju
Dening kanggo pangauriapanku
Gusthi ingkang maringi pangauripan
Saha  Ibu ingkang sampun paring daya lan kasih
Saklawase................
Saking Putrimu_Safa
Kagem tiyang ingkang sampun paring kasih sayang ingkang katah sanget
IBU :*

Sabtu, 07 September 2013

Layang Kangen

Layang Kangen
Dening : Didi Kempot


Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

Reff:
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pingin turu angel merem
Ra maido sopo wing sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pingin weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

Layang Kangen

Sumilir angin ing wayah isuk iki nambah trenyuhing ing ati....
swara lirih alus nambahi kangene rasa katresnanku
sakabehe jiwa sumingkir dadi siji
sakabehe rasa musna tanpa katinggal

Pasuryanmu gur ana ing impenku
Pasuryanmu gur ana ing pandhelenganku
Manah iki wis kadung mbok nduweni
Kanthi rasa rela legawa tak lakoni
Aku mung bisa anteng....

Satekane udan ing wayah tiba
Luhku brebes mili tanpa liren
Sak dawane dalan sing tak tuju
Aku tetep genggem rasa kasihmu
Nanging.... Ora bisa aku apusi
Ati iki wis dadi kapisan lan akirmu.....


Kagem trenasku
M.Nurizal
Saka_Safa

Jumat, 06 September 2013

Salah Sawijining Adat Istiadatipun Tiyang Jawi Anggenipun Mantenan

Tumplak Punjèn


Tumplak punjèn yaiku salah sawijiné budaya ing pawiwahan kang ana ing Jawa Tengah Tumplak punjèn kuwi artiné mantu kang pungkasan. Acara Tumplak punjèn dianakké kanggo nandhakaké yèn wong tuwa wis ora duwé tanggungan marang anak manèh. Nanging kosok baliné ganti anak kang kudu nanggung uripé wong tuwané. Adicara tumplak punjèn diwiwiti kabèh anak kudu kumpul lan ngroyok sega lan ingkung pitik kang wis dicepakake dening wong tuwa lan wis didongani modin utawa wong kang dituwakaké ing kampung. Anggone kroyokan mau kuduné akèh-akèhan éntuk sega, segané diwadhahi ning ngaron utawa kendhil kang gedhé ukurané. Miturut mitosé, sing paling akèh éntuk sega kuwi sing akèh rejekiné. Lan kang rebutan ingkung, sapa sing bisa éntuk ndhas pitik kuwi sing pantes dadi pemimpin kulawarga. Banjur, yèn sing éntuk jeroan sing paling akèh kuwi anaké bakal akèh. Saben bageyan awak ingkung kuwi ana mitosé dhéwé-dhéwé. Nanging kabèh kuwi mau mung mitos, bisa dipercaya lan uga ora. Ing Rembang, acara iki ramé banget. Saben ana wong mantu kang pungkasan akèh wong kang padha pengen nonton. 

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu 

Tresnamu Gur ing Lati


Wengi tan saya ganti...
Dina kang enggal cepet lunga
Ayang-ayangmu sirna sakcepete wengi
Prasasat ati iki duwemu
nanging... Tresnamu amung ing lati
tanpa kabukti dening sang Kuasa

Duh Gusti...
Paringana legawa anggone duweni ati
Tresnaku tak titipke marangMu Gusti
Dening iku dalan kang tak lakoni
Jembarna ati ingkang saluasing samodra....

Dening_Safa