|
Nubruk Dadi Ketubruk
|
dening_Aidhila_17
Dina
iki ora kebalen aku ambi anggi nyempekake ketemuan sore iki, rencanane
aku arep numpak sepeda pancal nang omae Anggi.Ora mikir maneh, aku ndang
gemerudug melayu nang omae Mbak Umi.
Aku
: “mbak,nyilih sepeda’e
oleh?”
(Sak pintase tak ucapno nang ngarepe mbak umi)
Mbak
Umi: “kowe iki, garai wong get-get’en ae.”
Aku
: “wis, tha mbak… oleh opo ora?”
Mbak
Umi : “yo,, wis lah.. silihen. Tapi ati-ati lek numpak yo!”
Aku
: “yo.., kesuwun mbak.”
Akhire
aku ndang budal nang omae Anggi.Pas nang dalan ora sengaja aku ngebut ampek
nubruk sepeda montor sing diparkir nang ngarepe toko sepatu.”BRUK”, atiku
rasane deredeg gak karuan, ora mikir maneh, saking aku keweden, ndang tak
tinggal mlayu sepeda kuwi mau nang omae Anggi.
Gaduk
nang omae Anggi.Aku nyempekake ngilangi rasa kewedenku ambi guyon bareng Anggi.
Aku
: “ngngi…, piye PR’e saka bu Yayuk mau?”
Anggi
: “mboh,, aja ngomonge kuwi lah. Toh kuwe yo durung ringkes tha?”
Aku
: “lho. Kuwe kok weruh?”
Anggi
: “iku wis biasa”
Ora
ndeleng jam, aku wis ana rong jam guyon ambi anggi ra mari-mari,tak deleng jam
nang omae Anggi,wis nunjuke jam 4 sore.Akhire aku ndang mulih lan pamitan ambi
Anggi.
Aku
: “nggi, aku mulih yo?”
Anggi
: “yo.. ati-ati”
Akhire
aku muleh ambi mancal sepeda alon-alon lewat perempatan dalan gede. Moro-moro
“BROK-BROK”,sepedaku mental, akune gemelundungan ning tengae dalan. Ora sengaja
aku ditubruk sepeda motor teka ngarep. Kedadian iki garai dadaku sesek, mulane
dadaku ketampes setire sepeda.ora mikir maneh. Ndang tak cin-cing sepeda mau
alon-alon, gak iku pisan, wong sing nubruk aku ora gelem tanggung jawab,
alasane akune sing salah dalan.Yo wis lah aku ngalah wae.
Akhire
tak tuntun sepeda iku mau ambi rasa keweden, mulane sepeda ajur iki dudu weh
ku, naming weh’e mbak umi, atiku rasane asem pait ra karuan. “ampek mbak umi
weruh…. Kepiye nasib ku engko?” eh… buru dirasani wong’e teko lawan alur ambi
aku.”duh, arep piye maneh?” lambeku rasane koyo wis disumpel gombal.
Mbak
Umi : “lho.. kok ditun-tun,opo’o ora kuwe tumpai dhil?”
Aku
: “aku…aku.. kesel mancal mbak”
Mbak
Umi : “yo wis,engko sepedae terno muleh yo.”
Aku
: “yo”
Huh..
untunge mbak umi gak weruh,kadung sepeda’e ajur kabeh.ora mikir nang
endi-endi,ndang tak terno muleh sepeda kuwi mau ambi mlaku.
Tapi
akhire mbak umi weroh pisan, wektu arep budal nang pasar.
Mbak
Umi : “lho.. opo’o iki kok ra iso dipancal?,,aja-aja iki dhila sing
ngerusak”. Kecurigaane mbak umi tambah gede.akhire mbak umi marani aku nang
omah.
Tekan
omah… mbak umi gebrok2 lawang omah…
Mbak
Umi :”assalamualaikum” ambi ngamuk…
Walaikum
salam jawabku… ambi rasa gelisah…,
Kedatangane
mbk umi mau.. karepe arep njaluk ganti rugi… akhire atukku nenangno mbak umi
sing ngamuk mau.. ambi ngijoli kerusakan sing tak sebab ake
Tapi
aku ora entok selamat… malah oleh celatu tekan mak ku… ora ngono pisan aku yo
ora oleh metu ampek 5 sasi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar